Sabtu, 15 Oktober 2016

BASA JAWA : URUT-URUTANE TEMBANG MACAPAT

Edit Posted by with No comments
URUT-URUTANE TEMBANG MACAPAT

1.      Maskumambang (ing njero kandungan)
Miturut Basa Jawa, “maskumambang” artine kemambang. Nggambarake bayi sing isih kemambang ing rahim ibune.
Watak : nelangsa lan keranta-ranta
Paugeran :
Guru gatra : 4 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 12i, 6a, 8i, 8a

2.       Mijil (lair)
Miturut Basa Jawa, “mijil” artine mbrojol, mencolot njedul, utawa metu. Nggambarake laire jabang bayi.
Watak : asih lan tresna
Paugeran :
Guru gatra : 6 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

3.       Sinom (enom)
Miturut Basa Jawa, “kanoman” artine enom utawa umur kang isih enom. Nggambarake crita masa muda kang endah, nyenengake, akeh harapan lan angan-angan. Karo nggolek/ nimba ilmu kanggo mujudake kang dikarepake.
Watak : grapyak lan renyah
Paugeran :
Guru gatra : 9 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

4.       Kinanthi (tuntunan)
Miturut Basa Jawa, “kanthi” artine tuntunan utawa dituntun supaya bisa nggayuh masa depan. Nggambarake mangsa nalika manungsa mbentuk jati diri lan niti dalan kanggo nggayuh cita-cita.
Watak : seneng, bungah ,asih, atut runtut renteng-renteng reruntungan
Paugeran :
Guru gatra: 6 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

5.       Asmarandana (asmara)
Miturut Basa Jawa, “tresna” artine cinta utawa kasmaran. Nggambarake nalika manungsa dirundung asmara, mendhem tresna.
Watak : sengsem
Paugeran :
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 8i, 8a, 8e, 8a,7a, 8u, 8a

6.       Gambuh (cocok)
Miturut Basa Jawa, “jumbuh utawa sarujuk” artine cocok. Nggambarake komitmen manungsa kang wis nyatakake tresna lan siap mangun bale wisma (rabi).
Watak : kulina lan nepung-nepungake
Paugeran :
Guru gatra : 5 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

7.       Dhandanggula (seneng)
Miturut Basa Jawa, “kasembadan” artine kesenengan. Nggambarake kesuksesan mbangun rumah tangga lan cita-cita kang wis digayuh.
Watak : luwe lan ngresepake
Paugeran :
Guru gatra : 10 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 10i, 10a, 8e,7u,9i,7a, 6u, 8a, 12i, 7a

8.       Durma (dermawan)
Miturut Basa Jawa, “darma utawa weweh” artine dermawan lan seneng sedekah. Nggambarake wujud lan saka rasa syukur marang Gusti Allah kang maringake kenikmatan.
Watak : nesu lan muntab
Paugeran :
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

9.       Pangkur (ngadohi hawa nepsu)
Miturut Basa Jawa, “mungkur” artine ngadohi. Nggambarake manungsa kang bisa nyingkirake hawa nepsu lan angkara murka.
Watak : Sereng lan tegas
Paugeran :
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

10.   Megatruh (seda)
Miturut Basa Jawa, “megat roh” artine metune roh. Nggambarake uculing roh utawa sedane manungsa.
Watak : nglara lan sedhih
Paugeran :
Guru gatra : 5 gatra
Guru wilangan & guru lagu : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

11.   Pocung (dibungkus mori putih)
Miturut Basa Jawa, “pocong” artine wis dibungkus. Nggambarake manungsa kang wis seda diadusi, dishalatke lan siap dikuburake.
Watak : sembrana, gecul, ora ana greget saut
Paugeran :
Guru gatra : 4 gatra
Guru lagu & guru wilangan : 12u, 6a, 8i, 12a

0 komentar:

Posting Komentar